Selasa, 21 Agustus 2012

SEJATINING MENUNGSO

LIMA SURYANINGRAT-LIMA PERAGANINGRAT
1. Puniko adus bathin, adus sukma kang linuwih, adus banyu sejati, adus sinara widi, kurungan mas pudhang sajeroning tingal, byar padhang terusing cahya maknapat, apadhang cahyane Allah, Allah amachak, SullAllahu Allaihi Wasallam.
2. Puniko wuwulu bathin, wulune sukma kang linuwih, awulu banyu sejati panancanging Allah, nyatane Muhammad, tegese Rasullullah, Allahu amachak, dunyo akherat urip, SullAllahu Allaihi Wasallam.
3. Puniko shalat bathin, shalate sukma kang linuwih, shalate sampurna sajati, Allahu Datullahi, eningku dadi shalat, usiku dadi puji, terus Donyo rawuh Akherat, Allahu amachak, iya ingsun kanga ran purbaning Agomo, ing akherat, SullAllahu Allaihi Wasallam.
4. Puniko Dhikir bathin, Dhikire sukma kang linuwih, Dhikire Walahuiman yahu, SullAllahu yamarahu, Datullahi, SullAllahu ngalaihi Wasallam.
5. Puniko sahadat Bathin, sahadate sukma kang linuwih, Ashaduana, cupumas, isi rasa, rasa saking sejati, penandenging Allah, nyatani Muhammad, tegese Rasullullah, iya ingsun kanga ran sukma mulya sejati, ing akherat sejati.
6. Puniko Wusiate Sunan Ngampel dento, rame-rame satekoku, Dath ing Ngeng saulihku, ajale banyu putih, SullAllahu ngalaihi Wasallam.
7. Puniko Wusiate Sunan Bonang, Sang puji rat putih, Dat les tanpa tulisan, lamun padhang ora paran-paran.
8. Puniko Wusiate Sunan Giri Kedhaton, Nur cohyo putih, datang tanpa tulisan, aningali cahya kang den tingali, cahya Nur cahya putih, muliho ajale banyu putih, SullAllahu ngalaihi Wasallam.
9. Puniko Wusiate Sunan Kudus, sukma mulya putih, apa kang sira tunggu iku jenenging kuto uwit putih, keneng menyang leburing dosa ningsun sawidak tahun, lebur ngelmu sejati, Ya Walimu Rochmatullahi, SullAllahu Allaihi wasallam.
10 .Puniko Wusiate Sunan Geseng, witing ora mulih marang ora, SullAllahu Allahi Sallam.
11. Puniko Wusiate Sunan Gunung Jati, Allah delamakanku, sedheku Datullahi ing dhodoku, Ismullah sawetuku, urip pangucapku, lungguh ing kencana, den awus den patitis, panjing wetuning sukma ametu saking margo urip, ametu saking kurungan kencana, tan ana kerasa, soya wisesa jaleg, tekane paran-paran, ananingsun dewe, tangkep sanaku kabeh, iya ingsun kang ngedhaton ing suwargo ing akherat sejati, SullAllahu ngalaihi Wasallam.
12. Puniko Wusiate Kanjeng Rasullullah, Sullulluhu ngalaihi Wasallam, Dat kuwusa, Dat les sukma mulya putih, mulih menyang ajale banyu putih, iya ingsun kang jumeneng Prabune ing akhirat sejati, SullAllahu Ngalaihi Wasallam.
13. Puniko kaweruh tutur kang rumuhun, tedak saking Pangeran Palembang, tutur bab sekarat, tebela buntet, mor tanpa dedolan, sidik sampurna sukma jati wisesa, SullAllahu ngalaihi Wasallam.
14. Puniko kaweruh tedhak saking Pangeran Prawata, kang runuhun tutur bab sekarat manik putih satengahing ati, gedhere sapucuking angandaro mur, tanpa katingalan, sidik sampurna, SullAllahu ngalaihi Wasallam.
15. Puniko kaweruh tedhak saking Pangeran Juru kang rumuhun, tutur bab sekarat, segara madu surup satengahing geni, korimah hodi, liyep mulya Maha suci, SullAllahu ngalaihi Wasallam.
16. Puniko kaweruh tedhak saking Pangeran Giri, kurungan Mas saking raga ancik-ancik sapucuking awang-awang, selo ing royat, lungguh ing wulan, angurungi lintang, iya iku kang rumeksa, kang dumadi iku kabeh, Dat jating ing ayunan, tamat.
17. Puniko kaweruh ngelmu bathin saking pangandikane Pangeran Giri kedhaton, ngelmu kang ginawa mati, iku loh ngelmune gedhong sukma tutup sukma, purba wasesa, liyep ing Datulah, eling tawakal, maningal ananing Allahku, IllAllahu, LaillahaillAllahu.
18. Ikilah ngelmu kang ginawa mati malih, Ashadu iman Bumi, langit tanpa dammar, Allah ora tinemu, anging ananingsun dewe, SullAllahu Ngalaihi Wasallam.

19. Puniko ngaweruhanane ngelmu tedhak saking Pangeran Ngampeldento, ingkang winejangaken bab ngelmu chak, ing patitis sing patekah, tegese patekah iku sarira, aja khandeg ing lapel lan maknane kewala den teka ing jatine, aja kasamaran ing tingaliro, utawi BIS iku tegese embun-bunanku, tegese MIL iku rahsaning Allah, tegese ALHAMDU iku urip tan kena ing pati, iku tegese LILLAHI iku cahyaku, tegese ROBI iku cahya wudelku, tegese NGALAMIN iku napasku, tegese ROHMAN, ROHIM iku limpaku, tegese MALIKI iku dhodhoku, tegese YAUMIDDIN iku jejantungku, tegese IYAKA iku kerana susuku, tegese NAKBUDU iku wetengku, tegese IYA KANASTAQIN iku bauku, tegese IHDINA iku pangucapku, tegese SIRATOL iku lak-lakan pepatil ing ilatku, tegese MUSTAKIM iku ula-ulaku, tegese SIRATOLADINA iku kaketeku, tegese AN NGANTA iku Budiku, tegese NGALAIHIM iku wentiaku, tegese WALLA iku suworoku, tegese LALIH iku puruku, tegese AMIN iku wujud sira metu saking pancering pucuking atiku, tamat.
20. Puniko PANETEP PANATAGAMA, wonten anenggih PANATA GAMA IMAN TOUHIT aminta besuk paman slamet, metu teko ngendi, metu saking dino kakalih, apa tegese dino kekalih, rahino lan wengi, apa gegoworiro, adhep lan apa pangiringiro karep, lan apa gandersaniro pangandiko, lan apa umbul-umbuliro pangandiko, lan apa braise sarto pagaweyaniro, abener lan sira wis arabi, sampun, lan sapa waline, Waliyullah, lan sapa sing ngiring sira, Nabiyullah, lan sira tarimai ing apa, kawula trimo baka, alinggih punapa, alinggih panata Gama, SullAllahu ngalaihi Wasallam.
21. Puniko panutup Nabi, paneteb panoto Gomo, jimat panarima, balung, nyawa, linggih rara alat., linggih ingasoken Islam, iya Datumparlamlillahi Ta’alla, Allahu Akbar, iya iku leh urip ana ing dalem Dunyo, lapale kang oleh jeneng Manungsa.
22. Utawi waktu subuh iku lungguhe ing Sirrullah., metu saking embun-bunan rupane abang lintange kamar, Nabine Nabi Adam, Malaikate Ruchani, sekabato arun, Rohi,-Rohilapi, idere kang wektu subuh maring ngendi, maring sulbi.
23. Utawi waktu Luhur iku makame ana ing uteg, rupane putih, lintange Samsu, Nabine Nabi Ibrahim, iya iku tangine lintang johar, Malaikate Jabarail, sekabate Abubakar, Rohe Roh Sultani, nepsune Mutmainah, idere kang wektu Luhur, iku maring ngendi maring pusar.
24. Utawi wektu ngasar iku makame ana ing gulu ing ring karo, metu ankir king pundit, metu saking grana karo, rupane kuning, lintange Mustari, Nabine Nabi Nuh, Malaikate Mikail, sekabate Ngumar, Rohe Roh nabati, nepsune Lumawah, idere wektu ngasar, iku maring endi, maring jasat.
25. Utawi wektu Maghrib, iku makame ana ing ati, rupane ijo, metu saking endi, metu saking Sirullah, iya iku lungguhe nyawa kabeh, medal saking urip, Nabine Nabi Ngisa, Malaikate Ngisrapil, sakabate Ngusman, Rohe Roh Rohani, nepsune Supiah, lintange Manikem.
26. Utawi wektu Ngisa iku, ireng rupane, tegese dinadekaken saking ora dadi ana, dene tan polah anane, ingaranan wektu Ngisa, lungguhe ara ula-ula, lintange johar, Nabine Nabi Musa, Malaikate Ngijrail, sakabate Ngali, Rohe Roh nepsani, Neptune tina Roh, idere wektu Ngisa, iku ana ngendi, maring uteg Kambual.
27. Ikilah nyatakaken lapel, Allah kang den panjingaken Shalat limang wektu, mangka iki, lah rupane Allah makripat, Hi, tegese ngaweruhi, ALIP iku tegese sarengat, tegese barang panggawe olo lan becik iku sarak arane, LAH awal iku tegese tarekat, tegese kang den tunggalaken, utawi Alah lungguh ing Shalat, Shalat iku aksarane LAM,AKHIR, utawi Ruku iku aksarane LAM, AWAL utawi ngadeg ing Shalat iku akeh arane ALIP, tamat.
28. Ikilah Bab nyatakaken aksarane wektu limang prakara, kang dhihin ALIP, lan kapindo LAH, lan katelu ACHE, lan kaping pat MIM, lan kaping limo DAL, mangka aksarane lelimo iku kinumpulaken dadi lapel, ALHAMDU, ikilah rupane dadine, wektu subuh iku rong rekangat, aksarane ALIP utawi wektu Subuh iku patang rekangat, aksarane LAM, utawi Ngasar iku patang rekangat, aksarane ACHE, utawi wektu Maghrib iku telung rekangat, aksarane MIM, utawi wektu Ngisa iku patang rekangat aksarane DAL.
29. Ikilah nyatakaken rupane wektu limang prekara, Nabine lan Malaikate, lan sekabate, lan nepsune, lan lintange, mangka wajib angaweruhi, sakehing Manungsa iku amrih esah Shalate, esahe Shalat lamun ginawe jawaban, iku lah babare, SullAllahu ngalaihi Wasallam.
30. Puniko ngelmu rahsa, kaweruhana denira setuhune arane Sahadat carem kalimah sejati, sahadat panagihe kawula lan Gusti, tepunge baden kalawan nyawa, Allah kelawan Muhammad, Alip careme si Ehe, tetesi rahsa, Dat kumpule rahsa, LAM, samara, ILLAHU rupane, ILALLAHU nyatane, SAHADUILLA careme, Bapa Adam Ibu Hawa, jejuluk Muhammad, bathine Rasull, lahire Manungsa lamun durung weruh asal-usule Manungsa lan kalimah loro, tanpa dadi kanthi kenthel idune, Shalat sak ngumure, ……sailhing banyu, malehua ing geni, dikanthi geseng lesane, numbula ing langit, amblesa ing Bumi Shap pitu, yen durung weruh asal-usule kalimah loro iku mekso kupu…..lamun weruh iya iku sejatine Mukmin, luwih sampurna elinge, ingkang dhihin timbule kang kari kanga ran jenenge kawula, iya iku kang luwih sejatine Mukmin.
31. Lintang Johar kang sipate cahya, Nurbuat, kalam kang sipat Wali, dubur kang sipat Kitab, sirah kang bangsa ati, kang sipat sukma sejati, jejantung kang anduweni sipat Rasull, lelimpa kang sipat Muhammad, pepusuh kang sipat Maha Suci, jaringan kang sipat sukma, pangrasa, pangucap, kang sipat Allah, pangambu kang sipat Rasull, pangrungu kang sipat Muhammad, paningal kang sipat Rasullullah, embun-bunan kang sipat Nabi, awak jasmani kang sipat mangani, Bis kang sipat Ngali, Otot kang sipat Ngusman, bebalung kang sipat Muhammad, sungsum kang sipat Asma Allah, Jabarail, Mikail, Ngisrapil, Ngijrail, Nabi, Wali, Mukmin kawula, sujud, ruku, lungguh, ngadeg, pangucap, pangambu, pangrasa, paningal, lumawah, amarah, supiyah, mutmainah.
32. Puniko Sahadat tanpa Ashadu, Kanjeng Sri sukma ginawa mati, kurungan mas ilange tanpa karana, karen sari muliha bur ing pasucian.
33. Puniko Sahadat sekarat, pelayaran nafas, pran nyawa, Yaa Hu Allah.
34. Puniko Sahadat jati, embunan Rohilapi, ….mulya jati, Date les ora ana kerasa.
35. Puniko Sahadat urip, mumpung urip matio sawuse Sahadat, jenening pati, mutabir pujining pati,….yeng tangine sukma maceliko lungo mulya.
36. Puniko Sahadat Rohing baden, Sahadat Rohing nyawa, Sahadat panglebur dosa, ingsun aningali siksa, kapitu sun panah, ing makripatullah, ajur dadi suwargo kabeh, teteg wegeng uripi, wanon sawening, lungguhing daging, ati,,,buwata jati, sang wening lungguh ing ati selane engen-engen manik, sir rasa diubeng geleng, sira obah ana jati, wungkule Pangeran iya iku napas talining urip, kik iya iku solahing Pangeran, Datullah, Sipatullah, angancik Bumi kancing Dat, chetike illa Muhammad, tan kocoo iya ingsun Muhammad, sahi ngimron arane banyu dadi suci, iline banyu Dat kumala, sirane banyu mulya jati, tugeng wusesa, sampurnane banyu, ananiro ananingsun, uripiro uripingsun, banyu aja sira takon, Huk, Wus, pinasthi dadi kemilikan ingsun, lahir bathin atas pangandikane Allah.
37. Niatingsun ados, angedusi baden chayun,……toya robani, dus lali dus wani, baden adus didusi podo baden, Roh adus didusi podo Roh, sukma adus didusi podo sukma, ngalam Dat urip tan kena kawoworan, urip sajeroning karso, ingsun adus saking banyu Kodratullah, byur jobo suci jero wening, baden robani, Allahu Akbar SullAllahu ngalaihi Wasallam.
38. Puniko den kaweruhana ngelmu ghaib, kang saliro Bumi, wilados unyeng-unyengan aku, kursi rambutku, batukku dedalaning neraka, cangkemku dedalane suwargo, alisku kiwo maghrib arane,, alisku tengen masrig, suryo kembar arane moto, ara-ara tarwiyab arane kuping, gunung tursina arane irungku, telaga kalkaosar arane pipi, ketebig lambe nduwur, sarepil arane, lambe ngisor sela matangkep, awot ogal-agil arane ilat, dinding jalal arane tangan, baliga arane dhodo, lintang kembar arane susu, Allah arane puser, segara rante arane ula-ula, traju jusna arane bebokong, pusakane ngarno tugu kalih arane pupu, sapi gumarang arane dedengkul, kusis kursi arane kempol, telik jati arane enthik-enthikan, Sullalahu ngalaihi Wasallam.
39. Penganten sira wong ngendi, tiyang lembut anyar dateng kulo, dating ngendi omahiro, tengahan, sira manut ing sapa, manut ing mukmin lanang mukmin wadon, Islam lanang Islam wadon, sira idep bapakane, Bapakira inggih wuninga, Ratu Ageng saking Kodratul Bapakira inggih wuninga, Ratu Ageng saking Kodratullah, sira idep kakekne, kakekira inggih wuninga, Ratu Ageng saking Widayatullah, sira idep Ibunira, inggih uninga, Nyai Ageng Hartati, lar ngendi Pangeranira, inggih panjenengan Dalem, Gusti ingkang mbabar, ing Mekah ingkang lenggah ing destar ngandape cemara putih, kang jumeneng sewidak tahun langkung tigang warsa, ingkang sumare ing Madinah, SullAllahu ngalaihi Wasallam, Awabuda bikukmi IllAllahu, ingsun kang anduweni kelawan Dat, kelawan pakan, kiwa qiyu ibnu Ngabdullah, kang putra Ngabdulah, kang putu Dulmuntalib, kang buyut……kang wayah ngabdulmanab, kang Eyang Gusti Rasull, ingkang lenggah ing Mekah, sinare ing Madinah.
40. BismillahiRohmanirRohim, puniko kitab makripatullbatin, binasakaken jawa, mulane binasakaken jawa ora wenang kejem ber pisah-pisah karana ngelmu iku kekabeh, pilih pandhita ingkang uninga, utawi sarate angulati ing Alam iku patang prakara, kang karihin arep kabuki ing Alam nasut, tegese sarengat, sarta lakune, utawi anapun lakune sarengat iku, Shalat, siyam ing wulan Ramadhan, Zakat, pitrah, lan Haji, lan anganggo ingkang sarwa suci, lan mangan ingkang Halal, lan sakehe ingkang kecap ing ngelmu pekih, iku lakune sarengat, lan ora weweh ing liyan, lamun durung cukup ing deweke dewek, lamun den gitik dening wong omales, mangka alenggah ing ngalam nasut.
41. Utawi sarate kang kapindo, iku arep kabuka ing ngalam jabarut, tegese tarekat, lan netepi ing mangan, ing lakune kang karihin, awuwuh lakune tarekat, iku amangan ing deweke dewek, lan aweweh ing liyan, lan sakehe kang kocap, ing ngelmu tarekat, lamun den gitik,.dening wong suka tur ora males, mangka alenggah ing ngalam Jabarut.
42. Utawi anapun sarate kang kaping tigo, iku arep kabuka ing ngalam malakut, tegese Hakekat, mangka anetepi ing lakune karana kang karihin, lan wuwuh seru malih, ing lakune ing liyan, lamun den gitik dening wong suka tur ora amales, mangka alenggah ing ngalam malakut.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar